Selasa, 22 Januari 2013

Pranatacara



Assalamu'alaikum Wr.Wb.
Dumatheng Kepala Sekolah SMP 1 Wates
Ingkang tansah kula kurmati bapak/ ibu/ karyawan SMP N 1 Wates
Ingkang kula kurmati ugi.
Lan rencang-rencang ingkang bagyo mulyo.
Puji syukur tansah katur dumatheng ngasanipun gusti Allah SWT, ingakang sampun pinaringan rahmat, taufiq, sarto hidayahipun dumatheng kita sedoyo, saengga kita saged makempal ing adicara tutup tahun kelas 9 SMP N 1 Wates 2011/2012.
Sholawat saha sala tansah kita kunjukkaken dumatheng ngarsanipun junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita antu-antu syafa'atipun ing yaumul akhir mangkeh.
Wonten mriki kula sepados pranata acara badhe maosaken runtutaning adicara tutup tahun kelas 9 SMP N 1 wates, ing siang ounika,
Sepindah inggih punika pambuka,
Kaping kalih inggih punika waosan ayat-ayat suci al-qur'an,
Kaping tiga inggih punika tanggap wacana, ingkang sepindah tanggap wacana saking panitia, tanggap wacana ingkang kaping kalih, tanggap wacana saking perwakilan kelas 7 lan 8, lan tanggap wacana ingkang kaping tiga, yaikutanggap wacana saking bapak kepala sekolah,
Kaping papat inggih punika pentas seni
kaping gangsal inggih punika inti adicara (wisuda kelas 9)
Lan adicara pungkasan inggih punika panutup
Kangge ngawiti adicara ing siang menika, mangga kita bikak sareng-sareng kanthi wosan basmalah.
Adicara kang kaping kalih inggih menika waosan ayat-ayat suci al-qur'an saking kadang Luyfi Maal'al Khusna, dumatheng kadang Lutfhi Mala'il Khusna kula sumanggakaken,
Matur nuwun dumatheng kadang Lutfhi mala'il Khusna ingkang sampun kersa maosaken ayat-ayat suci al-qur'an, mugi-mugi kanthi waosan ayat-ayat suci al-qur'an punika saged nabfa'ati dumatheng kita sedoyo.
Adicara sakiajengipun inggih punika tanggap wacana saking panitia, dumatheng kadang Rangga Widyatama Putra kula sumangakaken,

Matur nuwun dumatheng kadang Rangga Widyatma Putra ingkang sampun kerso maosaken tanggap wacananipun.
Tanggap wacana ingkang kaping kalih inggih punika tanggap wacana saking perwakilan kelas 7 lan 8, dumatheng kadang Muhammad fathurohman kula sumenggakaken,
Matur nuwun dumatheng kadang Muhammad Fathurohman ingkang sampun kerso maosaken tanggap wacananipun.
Tanggap wacana ingkang terakhir inggih punika tanggap wacana saking bapak kepala sekolah, dumatheng bapak kepala sekolah kula sumanggakaken,
Matur nuwun dumatheng bapak kepala sekolah ingkang sampun maosaken tanggap wacana,
Adicara kaping papat inggih menika pentas seni saking sederek kelas 7 lan 8.
Matur nuwun dumatheng sederek ingkang sampun kerso ngisi.
Adicara saklajengipun inggih punika inti adicara, ingkang badhe dipun mbetakaken bapak kepala sekolah, kula sumanggakaken
Matur nuwun dumatheng bapak kepala sekolah ingkang sampun kerso ngisi inti adicara menika
Adicara ingkang pungkasan penutup, sakderengipun adicara kula tutup, kula sepados pranata adicara ingdalem mbetakaken runtutaning adicara punika menawi kathah klenta-klentunipun lan wonten pangandikan kula ingkang mboten nuju prono dumatheng panjenegan sami nyuwun agunging pangapunten. Mangga adicara menika sareng-sareng kita tutup kanthi waosan hamdalah.
Wassalamu'alaikum Wr.Wb  

Tidak ada komentar: