Jumat, 01 Februari 2013

Sesorah 2



Bebayaning Sumebaring “ Video Porno “ tumrap mekaring kapribadean siswa


Assalamualaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmatan panjenenganipun Bapak Kepala SMP 1 Wates.
Bapak / Ibu guru SMP 1 Wates ingkang kula kurmati, lan siswa-siswi ingkang kula tresnani. Langkung rumiyin mangga kita sareng-sareng ngunjukaken puja-puji syukur wonten ngarso dalem Allah SWT. Ingkang sampun paring mapinten-pinten karahmatan dhumateng kita sedaya ing saengga wonten ing kalodangan titi wanci puniko. Kula panjenengan sami saget makempal kanthi kawontenan sehat lan ngremenaken. Keparenga kula wonten mriki badhe caos sesorah kanthi ira-irahan “ Bebayaning sumebaring “ Video Porno “ tumrap mekaring kapribadian siswa.

Para rawuh ingkang minulya, kadhos sampun kula panjenengan mangertosi sakmeniko kathah sumebar video porno sae awujud CD, menapa dene lumantar internet lan HP. Ingkang langkung mrihatosaken malih kathah video porno ingkang dipun damel remaja khususipun siswa.

Video porno wujudaken satunggaling bebaya ingkang saked ngeracuni utawi ngrisak kapribadean remaja khususipun siswa. Remaja ingkang sampun keracunan video porno badhe ringkih moral utawi kapribadeanipun lan gampil lumebet wonten “ pergaulan bebas ” ingkang tundanipun badhe ngrisak masa depan remaja utawi siswa punika piyambak.

Sumebaring video porno mujudaken bab negative saking kemajengan teknologi lan system informasi bebas. Pramilo kangge nanggulangi sedaya meniko kula panjenengan sami kedhah ningkataken iman lan ngatos-atos saklebeting ngginakaken internet.

Rencang-rencang kula sedaya manggoa kita sami-sami ngimutaken kangge ngendani bab-bab ingkang mboten sae kadhos dene pornografi khususipun video porno ampun ngantos kula panjenengan sami keduwung tundo wingkingipun.

Kados naming mekaten sesorah ingkang saged kula aturaken ing mbok bilih saklebetipun kula matur kepanggih kathah kekirangan saha kalepatan kula nyuwun agunging pangapunten. ing wasana cekap semanten, Nuwun

Wassalamualiakum Wr. Wb.

Tema : Pendidikan
Judul : Bebayaning Sumebaring “ Video Porno “ tumrap mekaring kapribadean siswa

Tidak ada komentar: