Assalamu'alaikum Wr.Wb.
Dumatheng Kepala Sekolah SMP 1 Wates
Ingkang tansah kula kurmati bapak/ ibu/
karyawan SMP N 1 Wates
Ingkang kula kurmati ugi.
Lan rencang-rencang ingkang bagyo mulyo.
Puji syukur tansah katur dumatheng
ngasanipun gusti Allah SWT, ingakang sampun pinaringan rahmat, taufiq, sarto
hidayahipun dumatheng kita sedoyo, saengga kita saged makempal ing adicara
tutup tahun kelas 9 SMP N 1 Wates 2011/2012.
Sholawat saha sala tansah kita kunjukkaken
dumatheng ngarsanipun junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita
antu-antu syafa'atipun ing yaumul akhir mangkeh.
Wonten mriki kula sepados pranata acara
badhe maosaken runtutaning adicara tutup tahun kelas 9 SMP N 1 wates, ing siang
ounika,
Sepindah inggih punika pambuka,
Kaping kalih inggih punika waosan ayat-ayat
suci al-qur'an,
Kaping tiga inggih punika tanggap wacana,
ingkang sepindah tanggap wacana saking panitia, tanggap wacana ingkang kaping
kalih, tanggap wacana saking perwakilan kelas 7 lan 8, lan tanggap wacana
ingkang kaping tiga, yaikutanggap wacana saking bapak kepala sekolah,
Kaping papat inggih punika pentas seni
kaping gangsal inggih punika inti adicara
(wisuda kelas 9)
Lan adicara pungkasan inggih punika panutup
Kangge ngawiti adicara ing siang menika,
mangga kita bikak sareng-sareng kanthi wosan basmalah.
Adicara kang kaping kalih inggih menika
waosan ayat-ayat suci al-qur'an saking kadang Luyfi Maal'al Khusna, dumatheng
kadang Lutfhi Mala'il Khusna kula sumanggakaken,
Matur nuwun dumatheng kadang Lutfhi mala'il
Khusna ingkang sampun kersa maosaken ayat-ayat suci al-qur'an, mugi-mugi kanthi
waosan ayat-ayat suci al-qur'an punika saged nabfa'ati dumatheng kita sedoyo.
Adicara sakiajengipun inggih punika tanggap
wacana saking panitia, dumatheng kadang Rangga Widyatama Putra kula
sumangakaken,
Matur nuwun dumatheng kadang Rangga
Widyatma Putra ingkang sampun kerso maosaken tanggap wacananipun.
Tanggap wacana ingkang kaping kalih inggih
punika tanggap wacana saking perwakilan kelas 7 lan 8, dumatheng kadang
Muhammad fathurohman kula sumenggakaken,
Matur nuwun dumatheng kadang Muhammad
Fathurohman ingkang sampun kerso maosaken tanggap wacananipun.
Tanggap wacana ingkang terakhir inggih
punika tanggap wacana saking bapak kepala sekolah, dumatheng bapak kepala
sekolah kula sumanggakaken,
Matur nuwun dumatheng bapak kepala sekolah
ingkang sampun maosaken tanggap wacana,
Adicara kaping papat inggih menika pentas
seni saking sederek kelas 7 lan 8.
Matur nuwun dumatheng sederek ingkang
sampun kerso ngisi.
Adicara saklajengipun inggih punika inti
adicara, ingkang badhe dipun mbetakaken bapak kepala sekolah, kula
sumanggakaken
Matur nuwun dumatheng bapak kepala sekolah
ingkang sampun kerso ngisi inti adicara menika
Adicara ingkang pungkasan penutup,
sakderengipun adicara kula tutup, kula sepados pranata adicara ingdalem
mbetakaken runtutaning adicara punika menawi kathah klenta-klentunipun lan
wonten pangandikan kula ingkang mboten nuju prono dumatheng panjenegan sami
nyuwun agunging pangapunten. Mangga adicara menika sareng-sareng kita tutup
kanthi waosan hamdalah.
Wassalamu'alaikum Wr.Wb